Senin, 21 Mei 2012

kidung sinubokarto

dumateng raja angkara murka,panjenenganipun ingkang tumindak culika
menika sampun kaserat saking ludira,kang sinawung kidung sinubokarto..kacandra manjingipun bhirawa dateng sukmo.

Ooong..kukusing dupo kumelun,Gusti ingkang Maha Agung
tansah marang Gusti ingsun nyenyuwun,
muga sira,tumekaning PEJAH ing ndalu menika.

Swaraku gelap sayuto,kagowo angin prahara
Sun tandur jeron balung,isine rambut julung

Mlebu guwo garba sira,amarga kongkonan ingsun.
Remuk balung rogonen sukmo,pedhoten nyowo tinggalno racun.

Muga sirna titisan sira,dumadi tentrem dunyo kacipta.
Nggayuh becik utamaning manungsa,Hamemayu Hayuning Bawana

Hong wilaheng sekar ing bawana langgeng,.sekar mayang.
Hong wilaheng sekar ing bawana langgeng,.sekar kajang.

Sinartan tulusing manah manembah.
Nyuwun kaswargan Gusti kang ombo ngungkuli segoro,mugo dadi panggonan sira kang sejati.
Kamulyaning jiwo maring jagad pertiwi,Suradira
Jayadiningrat,lebur dening pangastuti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar